Postingan

Geguritan

Duren Duren Warnamu ora mesti iso podo Bentukmu ra bakal iso ketoto Ambumu pancen  ora iso di endarno Rasamu nancep jero ngasi tekan dodo Duren Tak pangan slirahmu dadi anget nang jero rogo Yen kakean leh ku ngroso slirahmu marai awak loro nangin,  Yen kelangan slirahmu rasane ora lilo sakjane pingin tak dep saben dino nanging ketanggrok karo rego 

cerita pengalaman

Crito pengalaman pribadi Bis Mabur nang Duwur Rel Ning salah sijine dina, pondok ku prei terus aku akhire mutuske bali nang omah. Sak durunge bali aku mikir arep bali nupak opo. Akhire aku mantep bali numpak bis. Sakebare bali sekolah aku akhire siap siap bali nang omah. Sak lebar e siap kabeh aku mangkat dolek bis. Alhamdulillah asrama ku karo dalan gede cerak, dadi aku ora sah adoh-adoh golek bis. Aku nunggu lumayan sue nang pinggir dalan koyo  cah ilang, ning yo aku wes biasa nglakoni kui. Akhire bis sek tak tunggu teko, pancen udu bis apik koyo bis pariwisata, tapi sek penting iso ngeterke aku bali tekan omah. Aku munggah bis. Aneh e bis e kui ora rame koyo biasa ne, biasane saben aku numpak bis kui jam semono kui mesti rame kebak wong mulih sekolah opo mulih kerjo dadi aku iso entuk pemandangan bocah-bocah bali sekolah. Tapi dino kui bis e kosong, gur ono bapak-bapak lungguh nang kursi buri dewe pojok tengen. Aku banjur lungguh buri dewe pojok kiwo rodo adoh seko bapa...

RESENSI BUKU

Judul                     : Kelangan Satang Pengarang             :  Suparto Broto Penerbit                : Penerbit Narasi Tebal                     : 266 halaman Crita Kelangan Satang iki nyritakake zaman perang kamardikan lan sawise kamardikan anyaran.  Nang buku iki ngandarrake bab lara-lapane para patriot lan generasi enom ingkan perang nglawan Walanda ngrebut lan mempertahan ke kamardikan NKRI.   Wiradi putra barep pak Wiradad pegawai kantor pos nang jaman kui,nalika jaman Walanda nyerang sak omah di unsek ke kabeh. Omahe do kosong ke. Sak lebar e kahanan wes rodo tentrem pk wiradad lan garwane bali nang omahe, nanging anak e 3  ora mulih. Anak e telu ui duwe karep nglawan...

Tuladha Layang tresno

Kanggo Solihah sing paling ayu Salam kangen. Liwat layang iki aku ngeterke tresnaku marang slirah mu. Solihah ...... Aku nang kene  tansah kangen marang slirahmu, rasane atiku iki rabetah yen adoh seko slirahmu. Senajan awak dewe ke sekat jarak sing adoh, naging aku tetep iso ngrasak ke tresnamu seko jero atiku... Mugo – mugo koe nang kono yo ngrasak ke kangen koyo sek tak rasak ke saiki. Bantul, 20 Juni 2015 Seko Bojomu sing kangen marang slirahmu Akhmad 
Parikan...... 1. Moto kliliben, iluh e sak wadah     Ati kangen, selak ora betah 2. Mangan telo, nang pinggir ratan       Due tresno, ora keturutan 3. Ono tengu, mencok nang geger     Yen ra sinau, ra iso pinter 4. Ngombe kunir asem, ngasi wetenge kembung      Yen wes gelem, lek ndang di tembung 5. Ono boyo lagi jegur, le jegur karo mangap      Yen masalah uwes kebanjur, kudu iso tanggung jawab                                   Matur Nuwun